AMANGKURAT 1

                               
                                      
                                                 SEJARAH DALEM
    KANJENG SUNAN AMANGKURAT AGUNG
   
    Kangdjeng Sunan Amangkurat Agung ( Aamangkurat 1 ) Punika Putra Kangdjeng Sultan
Agung Prabu Hanyrokrakusumo Narendra Mataram Islam (1613-1673) Miyos saking
        Garwa
Prameswari :Gusti Kanjeng Ratu Kulon (Kangdjeng Ratu Batang ).
    Kangdjeng Sunan Amangkurat Agung Jumeneng nata ( 1645-1676 ) 31 Tahun.
Hapeputra antawisipun :      
1.    RM   KUNING ( Pangeran Adipati  )
2.    RM   DRAJAT ( Pangeran Puger ) Ingkang Nerahaken Para Nata ing
Karaton Surakarta Hadiningrat .
3.    Pangeran Singasari
4.    Pangeran Tepassana
5.    Pangeran MartapurA
 Asma  timuripun Kangdjeng Sunan Amangkurat Agung: RM SAYIDIN utawi  RM JIBUS
Utawi RM  RANGKAH ,  sesampunipun   jumeneng  Pangeran Adipati Anom hasesebutan  Pangeran  ADIPATI HARYO  MATARAM . Sesampunipun  jumeneng  nata  jejuluk  Sunan Mangkurat Senapati Ing Alaga Sayidin Panatagama = SUNAN AMANGKURAT AGUNG.
     Kandjeng   Sunan   Amangkurat   Agung   hajiwa   satrya    tama  ( patriotis) , kadosdene Kandjeng  Sultan  Agung   Hanyakrakusuma ,mbengkas  karya  ngabasebg reretuning praja amrih hadegung praja lestari .
     Kandjeng Sunan Amangkurat Agung ugi ngrekuh  lan handasaraken jejeging praja kanti dhasar kaislaman  , pramila  Kangdjeng Sunan  Amangkurat Agung ugi yasa Masjid  Kapari
Ngipun :MASJID AGUNG NGEKSI GANDA ,tuntas wewangunipun ing tahun 1649.    
       Hananging lalampahan  ingkang  kedah kasandang ing tahun 1676 ( 13 Oktober 1676 )
      Kadadosan wonten  pangramanipun ( pembrontakan )   Trunojoyo  saking  Madura tuwin
      Kraeng galesong daking Makasar.

       Mawi prajurit  plered  Mataram mboten  kunawi  hambendung kekiyatanipun pangraman,
Pramila Kangdjeng Sunan Amangkurat Agung lajeng linggar saking Kadhaton,kadherekaken
Prameswari kalih  para peputranipun kasebut ngajeng .
      Kaparing   karsa dalem , Jengkar saking  Kadhaton ziarah  rumiyin dhateng Imogiri,dene
 menggah  urut urutaning jengkar dalem :
1.    Dinten Kapisan           28   Juni 1677 : saking Karaton  dhateng Imogiri
2.    Dinten kapindo           29    Juni 1677; saking imogiri  dhateng Jagabaya
3.    Dinten kaping telu      30    Juni 1677: saking Jagabaya dhateng Rawa
4.    Dinten kaping papat   01    Juli 1677:  saking rawa  dhateng bocor ( kedu )\
5.    Dinten kaping limo     02    Juli 1677;  saking Bocor dhateng Patanahan
6.    Dinten kaping enem  03     Juli 1677:  saking patanahan dhateng Nampudhadi
7.    Dinten kaping pitu      04    Juli 1677;  saking Nampudhadi dhateng pucang
8.    Dinten kaping wolu    05    Juli 1677:  saking Pucung dhateng Banyumas
9.    Dinten kaping   9- 11.6-8   Juli 1677:  leren teng banyumas
10. Dinten kaping   12        9   Juli 1677: saking banyumas dhateng Ajibarang
11. Dinten kaping   13      10   Juli 1677: saking Ajibarang dhateng Wanaya                                                                                      :utawi windu aji ,suruddalem wonten  Windu aji
        12.Dinten kaping 14-15 11-12 Juli 1677:Saking Winduaji dhateng TegalWangi 
        13 Dinten kaping   16      13     Juli 1677: Kasareaken wonten Tegal WangI


 Wonten ing cathetan nyebataken, bilih nalika Kangdjeng Sunan Amangkurat Agung  dumugi
 Ing  Ajibarang ,kapareng  nimbali para putra lan putrinipun ,Pangeran   Adipati lan  adhi adhini
 pun R M KUNING (Pangeran Adipati )   kadhawuh   wangsul   dhateng  Plered   perlu ngrebut
 wangsul   Bumi  mataram  saking TRUNOJOYO(Pangraman), Aning kanthi sembah aturipun      
RM KUNING  Bilih  panjenengan  mboten  Sagah ngrebat wangsul  Karaton  Mataram  saking tanganipun TRUNOJOYO )dene  inkang  sagah  badhe  hangrebat   wangsul  Inggih  Puniko
RM DRAJAT  ( Pangeran  Puger) .
              Pramila Kangdjeng Sunan Amangkurat  Agung lajeng peparing dhawuh dhumateng
              RM  DRAJAT ( Pangeran Puger )
                 Ngger putraku ,sira baliya marang plered ,bali negaramu Mataram ,lan sira ora
                Usah mikir marang ramamu iki .
                Sira bakal dak pasrahake marang Gusti Kang Maha Agung ,Muga muga hang
               Ayomi marang sliramu . kanggo sipat kandelmu sira dak paringi  pusaka  ;
               Keris kyai MAESA NULLAR  lan Tumbak  Kyai  PLERED ,loro –loroe iki
              Pusaka Kadhaton , adhi adhimu ajaken .
              Sira kabeh tak pangestoni muga muga slamet lan Kasembadan .   
       Inggih  Pangeran Puger  ingkang   mangkenipun  Jumeneng Nata Hajejuluk  PB I  Ingkang
       Lajeng hanerahaken para NATA ING SURAKARTA HADININGRAT , Ngantos dumugi sapriki
       ingkang  Jumeneng nata ing SURAKARTA HADINGRAT SISKS PB XIII.

          Inggih ing dinten puniko : minggu Wage ,27 January 2008 ,utawi  18 sura 1941 Kaparing
      Dalem SISKS .PB  XIII utusan hamaring aken Abon -Abon  saha  ubarampe  minangka
      Jamasan pasareyan ndalem saha Pusaka tilaran ndalem Kangdjeng Sunan Amangkurat
      Agung ,ingkang  nalika pinten dasa tahun kapengker ugi rate katindakake  ingkang  SISKS
      PB  XII .
      Ingkang punika minangka tanda yekti bilih Naluri Karaton Surakarta  Hadiningrat  kalih
    TEGAL  ARUM  ,Kabupaten Tegal  . Lestari  manunggal hangleluri budaya luhur ,
    hanglangjengaken terah   M ATARAM ....
   Nuwun ....nuwun

  Sumber berita  dari PESAREAN TEGAL ARUM 
  Tegal arum 18  sura 1941  / 27  January 2008

            TTD

 Sambutan Panita Jamasan Astana Kangdjeng Susuhunan AMANGKURAT AGUNG     


Tidak ada komentar: